Selasa, 16 September 2014

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Polisi Gegana asli PURBALINGGA

Komandan: "Kijang 1 neng kijang 2. Priben kondisi neng kana.. ? Ganti!"

Sersan: "Nyong neng ngarep bom kiye pak komandan, mohon instruksine, Ganti!"

Komandan: "Bersihna ndisit areane sersan!"

Sersan: "Siap Ndan!!.. Lapor Ndan, area wis bersih! Ganti!"

Komandan: "Ok, siki kowe fokus neng bom mau ya?! Pirang menit waktu sisane sersan?"

Sersan: "Waktu itungan mundur. 00:05:15 Ndan.. !!"

Komandan: "Cepet buka tutup bome nganggo drei!"

Sersan: "Bom wis dilokalisir ndan, ana 4 kabel, njaluk instruksi Ndan!!"

Komandan: "Ketok kabel ijo ? Digunting!"

Sersan: "Siap"

Komandan: "Priben sersan? Wis mati durung?"

Sersan: "Durung ndan, malah tambah cepet kiye waktu mundure Ndan??!"

Komandan: "Mau kabel warna apa sing diketok.. ?"

Sersan: "Ijo Ndan"
Komandan: "Lha.. Ora salah ngetok kowe.. ?"

Sersan: "Siap Ndan, mau nyong ngetok sing warna ijo"

Komandan: "Warna kabel apa bae sing sisa?"

Sersan: "Abang, ireng karo ijo Ndan!!"

Komandn: "HAHHH! Kok sing ijo iseh ana????!!"

Sersan: "Sing ijo pancen ana 2 Ndan!.. sing 1 ijo godong & sik 1 ijo langit. Sing tak gunting mau sing ijo langit"

Komandan: "Lah gemblung apa kowe?! Langit kue warnane biru, dudu ijo !!"

Sersan: "Lha nek neng kampungku ijo lho Ndan"

Komandan: "Wis sekarepmulah!! Berarti sing mau kowe ngetok kabel biru?"

Sersan: "Iya Ndan, siap nampani instruksi maning.. !!"

Komandan: "Gemblung pancen kowe!!!! lha nek kabel biru sing dipotong ya tambah cepet kuwe waktu bom bakal njeblug!"

(Neng radio wis krungu si sersan panik)
Sersan: "Kondisi darurat! Bom 15 detik maning"

Komandan: "OK, siki kowe tirokna omonganku ya!!!"

Sersan: "Siap komandan!"

Komandan: "Ngucapna.. "Laa ilaaha illallaah!!" 😅😅😅